Wednesday, June 26, 2019

Naskah Drama Bahasa Jawa 8 Orang Beserta Unsur Intrinsik

 NASKAH DRAMA JAKA TARUB DALAM BAHASA JAWA

UNSUR-UNSUR INTRINSIK DRAMA
1.Tokoh        :     1. Jaka Tarub                               : M. Ikrom Ramadhani
                           2.Nawang Wulan                        : Dea Ayu Faroka
                           3.Nawang Sekar                         : Maryana
                           4.Nawang Asih                           : Sherlyana Ramadhani
                           5.Nawang Lintang                      : Siti Ulfatun Khasanah
                           6.Romo                                       : Irfan Farihi
                           7.Kancane Jaka Tarub (Agus)    : Agus Kurniawan
                           8.Narator                                    : Efridha Annisa Putri
2.Tema        :     Kecerobohan Membawa Malapetaka
3.Alur          :     Maju
4.Latar        :     1.Tempat    : Desa, Rumah Jaka Tarub, Telaga, Danau, Hutan, Lumbung Padi dan
                                               Dapur
                         2.Waktu        : Pagi Hari, Sore Menjelang Petang, Malam Dan Siang
                         3.Suasana    : Bahagia, Sedih dan Menegangkan
5.Penokohan     :     1.Jaka Tarub    : Pembohong, Tidak Menjaga Amanah, Setia dan Penolong
                                2.Nawang Wulan    : Penyanyang, Perhatian, Pekerja Keras, dan Pemaaf
                                3.Nawang Sekar    : Penyanyang, Tulus dan Baik
                                4.Nawang Asih    : Setia
                                5.Nawan Lintang    : Egois
                                6.Romo        : Baik Hati dan Sayang Anak
                                7.Agus         : Ramah
                                8.Amanat    : segala sesuatu yang disembunyikan, pasti akan terbongkar. Oleh
                                                      karena itu kita harus jujur, dan tidak melanggar amanah. Selain itu,
                                                       sebagai maunisa, kita harus saling memaafkan.


JAKA TARUB

BABAK 1
Para Nawang maning guneman ing kayangan. Dheweke mudun saka kayangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar: "Hayuh para dulur, dolan menyang bumi."
Nawang Lintang: "Wah... hayuh. tapi dolan ing ngendi? "
Nawang Sari: "Aku duwe ide, hayuh adus ing sumber, kulo gelem, tapi seuwise olih ijin saking romo"
Banjur para bidadari nyuwun ijin maring romo
Nawang Lintang : “Romo kulo lan adi-adi kulo nyuwun ijin bade adus ing bumi”
Romo    : “Olih nduk, tapi kowe kudu janji jagani adi-adine ojok ngasi ilang ”
Nawang Lintang : “Enggih romo kulo janji, matur suwun romo”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar: " (NGGAWA SLENDHANGE) Hayuh.... "
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Seka: "Wah... seger tenan banyune."
Nawang Sari: "Iya, bening nemen" Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan,
Jaka Tarub lagi mlaku-mlaku ketemu karo kancane.
Agus : “Woy.... maring ngendi bro”
Jaka Tarub : “(KAGET) wih alah agus kie aku lagi arep mlaku-mlaku. Lah ko rep ming ngendi gus?”
Agus    : “Kie aku arep tuku ketan nang prapatan”
Jaka Tarub : “Loh kok kaya lirik lagu”
Musik ...............
Uwis-uwis bubar
Jaka Tarub lan Agus pisah
Jaka Tarub liwat lan nginggeng para Nawang.
Jaka Tarub: " (INTIP-INTIP) Wah... aruh-aruh kuwi? Ayu tenan rupane." Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang. Eben bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka Tarub: "Wah... slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes." Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang dewe-dewe.
Nawang Sari: "Hayuh padha mentas, langit wis arep peteng"
Nawang Sekar: "Hayuh bali, sesuk menyang kene maneh"
Nawang Wulan: " (KEDER TOLAH-TOLEH) Lho... ngendi slendhange aku? "
Nawang Lintang: "Iku pan kowe seleh ngendi? "
Nawang Wulan: " (NUDING WATU GEDHE) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh"
Nawang Sari: "Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhange kowen Nawang Wulan? "
Nawnag Lintang: "Aku ora ndeleng ana manungsa liwat."
Nawang Sekar: "Piye iki, langit wis arep peteng."
Nawang Sari: "Iyo, yen ora ndang bali kayangan bakal ditutup"
Nawang Lintang: "Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhange kowen. Yen wis ketemu dhewek bakal nyusul kowe"
Nawang Wulan: "Inggih, Mbakyu."
Nawang Sari: "Ya wes ati-ati, Nawang Wulan." Para Nawang mulih menyang kayangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang Wulan: " (ANGEL) Ana ngendi slendhange aku ya? "
Jaka Tarub: "Geneya kowe koh sedhih nemen? "
Nawang Wulan: "Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti? "
Jaka Tarub: "Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahe aku ana ing desa kulon. Aruh-aruh jenenge kowen? "
Nawang Wulan: "Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhange aku "
Jaka Tarub: "Yen kowe gelem, kowe daning nginep ing omahe aku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhange kowen kuwi"
Nawang Wulan: "Wah... matur suwun Jaka Tarub"
BABAK 2
Sapendak Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka Tarub: "Dinda, Akang budal menyang semek sek ya! "
Nawang Wulan: "Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak" Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora dimaha Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan: " (NANGIS) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka? "Wayah surup Jaka Tarub mulih saka semek lan ndeleng Nawang Wulan maning nangis.
Jaka Tarub: "Ana apa, Dinda? "
Nawang Wulan: " (NDUDUHAKE SLENDHANGE) Apa iki ana hubungane karo Kakang? "
Jaka Tarub: "Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda! "
Nawang Wulan: "Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kayangan. Dinda ora bisa ing kene terus"
BABAK 3
Para Nawang ing kayangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan.
Nawang Lintang: "Dulur, batine aku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan"
Nawang Sari: "Hayuh dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan"
Nawang Sekar: "Hayuh, aku kuwatir marang Nawang Wulan."
BABAK 4
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kayangan.
Nawang Sari: "Nawang Wulan, hayuh kowe bali."
Nawang Lintang: "Kowe bae ngandel marang manungsa kuwi"
Nawang Sekar: "Hayuh dulure aku "
Nawang Wulan: "Inggih mbakyu"
Jaka Tarub: " (NANGIS) Dinda, kowe bae bali"

1 comment: