Monday, July 8, 2019

Naskah-Drama-Tema-Lingkungan-Bahasa-Jawa

Naskah Drama Tema : Lingkungan (Bahasa Jawa) 5 Orang

Kelompok 3
Nama Anggota    :

- Kholis Nur Rofik             (Pak Guru)
- Laila Mustafi Rahma       (Rahma)
- Listiana Wulandari          (Wulandari)
- Lutfia Oktaviani              (Fia)
- Ma’ruf Muadzin              (Maup)

 

GOTONG ROYONG

Ana ing sawijining desa ana pemudi kang wis akrab banget, yaiku Rahma lan Fia. Bocah 2 iku seneng banget gawe ulah ngasi kanca-kancane sing liya ora gelem merek, amarga mesti di usili. Wktu iku sawise sekolah Rahma ngampiri Fia.
Rahma    : “Fi, ayuh mengko dolan!”(nggeplek pundake Fia)
Fia    : “Gaweanmu dolan bae, kaya wong pinter pisan”
Rahma    : “Halah gayamu, gelem apa ora kowe?”
Fia    : “Dolan ngendi loh?”
Rahma    : “Ya embuh.... pokoke dolan ben kaya cah gaul ngono loh”
Fia    : “Emmm.... ya ayuh, tapi aku bebeh angger ngasi Maghrib maning!”
Rahma    : “Hehehe, ora ora”
Fia    : “Nggawa duit apa ora?”
Rahma    : “Halah, kue dirempug mengko bae... ya wis, nyong arep bali” (mlaku ngadohi fia)
Fia    : “Oke oke mengko kowe ming umahku”
Sawise kue Rahma karo Fia dolan. Rahma karo Fia ora kemutan nekan mau wayahe kelompok drama Bahasa Jawa nggo ujian praktek kelas 3 neng sawijining panggon Maup karo Wulandari ngenteni bocah loro teka. Maup karo Wulandari ora ngerti lungane Rahma karo Fia.
Wulandari    : “He, ana sing ngerti Rahma karo Fia?”
Maup        : “Lah si neng ndi cah loro kie, apa ora krungu di omongi?”
Wulandari    : “Apa jajal di parani neng umahe?”
Maup        : “Umahe sapa?”
Wulandari    : “Ya umahe Fia bae sing ana wongtuane”
Maup        : “Angger oranana kepriwe, kie urung latihan blas lo....”
Wulandari    : “Halah kue masalah keri, sing penting anggotane wis ana kabeh”
Maup        : “Yawis ko maring nganah bae, aku neng kene karo gawe naskah dramane, piwe?”
Wulandari    : “Hmmm ya kena, sing apik lo ya critane”
Maup        : “Oke bos.....”
Banjur Wulandari maring umahe Fia. Neng kana Wulanadri ora nemoni sapa-sapa. Akhire Wulandari bali maning lan nerusna nggawe teks drama karon Maup. Akhire ditunggu ngasi Maghrib Rahma lan Fia ora nana.
Maup        : “Piye kie bocah ? deng ora teka ?”
Wulandari    : “Lah ya piwe maning, angger ora gelem kelompoke dewek, ya nggolet liane bae”
Maup        : “Nah, setuju aku. Ya wis aku pamit kie mesthi wong tuwaku wis goleti”
Wulandari    : “Oke, dirembug ngesuk neng sekolahan bae. Bocahe ditakoni”
Maup        : “Eh iya, aja kelalen nggawa gitar nggo musicale”
Wulandari    : “Gampang, ya wis gagian bali”
Maup bali amarga wis Maghrib. Ngesuk neng sekolahan Maup karo Wulandari rempugan bab drama Bahasa Jawa, kanggo ngisi waktu ngenteni Fia lan Rahma, bocah loro kuwe ngrembug musik kang bakal digawe.
Wulandari    : “Ayo, siki gawe musik nggo dramane. Sing tentang lagu daerah bae”
Maup        : “Ya angel lah kuwe, lah ko apa teyeng?”
Wulandari    : “Jajal ngeneh nyong”(njikot gitar sekang tangane Maup)
Maup        : “Halah apateyeng, jajal piwe.....”
Wulandari    : (Nyayi gundul-gundul pacul)
Maup        : “Hahaha, kuwi tah tembang dolalane bocah lo....”
Wulandari    : “Sing penting lagu daerah lo....”
Maup        : “Ojo di ganti liane ngonoh lo....”
Wulandari    : “Jal ko teyeng apa ora?”(ngawehna gitar maring Maup)
Maup        : (Main gitar)
Wulandari    : “La kue apa ora kaya lagu pop? hahaha”
Maup        : “Hahaha, la aku ora teyeng lo....”
Wulandari     : “Ngeneh aku bae”
Maup         : (Ngawehna gitar) “aku sing nyanyi yo?”
Wulandari    : (nyanyi karo Maup)
Maup        : “Hahaha, apik kuwi... yo wes nganggo kuwi bae”
Sing ditunggu-tunggu teka karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu
Fia     : “Heh, bocah-bocah wis pada latian drama Bahasa Jawa, kelompoke dewek kepriwe?”
Maup lan Wulandari : “Terus gua harus bilang waw gitu? wow”
Rahma    : “Heladalah, iki temenan lo....”
Wulandari    : “Hah kowe maring ndi bae?”
Rahma    : “Ngapa nyong sing ditakoni?”
Wulandari    : “Lah wayahe kan kelompok, kowe yo wes domong....”
Rahma    : “Kapan ko ngomong?” Mulai kesuh
Wulandari    : “Oh, ko wis pikun ya?”
Kholis    : “Hehe, ana apa kie?”
Maup    : “Niki Pak, Rahma karo Fia wingi mboten purun pangkat kelompokan”
Pak Guru    : “Weh weh, lah ngapa ko ora kelompokan?”
Fia    : “La pancen ora domongi koh pak”
Pak Guru    : “Iya? Ora deomongi?”
Maup    : “Sampun pak, tapi mboten dugi”
Pak Guru    : “La koe wingi ora teka?”
Fia     : “Ora diomongi pak”
Pak Guru    : “Halah wis ora usah ngeyel, gagian kelompokane”
Sawise kuwe, bocah papat kelompok nggawe drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Wulandari    : “Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis”
Maup    : “Lah ya jelas lah, sapa disit....”
Wulandari    : “Vi, Rah ngapa meneng bae... wis berhasil lo....”
Rahma    : “Aku njaluk pangapura ya, lan”
Wulandari    : “Halah, orapapa.... sing penting kie wis sukses”
Pak Guru    : “Ya wis or opo-opo. Makane aja diterusna njawal ya”
Rahma lan Fia mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat, olih nilai ujian kang paling apik dhewek. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake pegaweyan dadi gampang lan olih kasil kang muasna. 

No comments:

Post a Comment